Aji Yulianto
Jamanku cilik, wong ulih banyu nggo adus, nggo nginum ora kaya siki sing nganggo pompa listrik sing latah diarani Sanyo. Gemiyen ngarah banyune sekang sumur cilik sing panggonane lewih dhuwur, istilahe ngeslang, soale nganggo sleng banyu. Sekang sumur mu disedot disit nang ngisore, nek wis mili terus disambung slang maning nganti tekan umahku. Lumayan adoh, kayane ana setengah kilo. Dadi banyune gari mili, dijorna bae nganti kimplah-kimplah luber. Paling angger ora mili gari di tiliki. Goleh niliki diurut kang ngisor, sapa ngerti ana sing pedhot apa pecah ketiban klapa utawa kayu. Nek mlebu mangsa ketiga, kudu sering di tiliki. Nek sumure banyune mudhun njur dijerokna maning slange. Nek sat ya dienteni isine maning ben bisa disedot. Tapi nek wis ketiga dawa ya sat temenan ora isi-isi. Nggolet banyune ya ngangsu, adus sisan nang pinggir sumur sing dadi panggonan adus umum.

Gumune gemiyen ye ora isin, adus bareng-bareng. Aduse ora wuda brah, tapi nganggo petelesan. Nah bar adus, baline nggawa banyu. Bisa nyangking apa mikul, sing nyangking biasane wong wadon. Engko tekan ngumah disogna jembangan utawa padasan nggo wudu. Kayane ndisit wonge sehat-sehat, sing wis tuwa ya kelar mikul. Sing duwe motor malah ngangsune nganggo jligen kiwe-nengen. Dilebokna meng bahan karung sing di jait ben bisa madhahi jligen loro. Tapi sing duwe motor ora akeh.


Maju ngeneh, njur mangsan wong padha gawe sumur timba. Meh kabeh umah nggawe, tapi ora kabel kasil ulih banyu, apa ulih banyu tapi 20 meter. Nek pas mujur ya ulih sumber apik sing ora tau sat tur ora jero. Bareng akeh sing duwe sumur, nek ketiga nunut adus nang sumure tanggane. Aku dhong umahku urung duwe sumur dewek ya sok nunut adus. Wah pahalane akeh mesthi sing duwe sumur, amin. Bareng umahku wisduwe sumur, gemiyen nek bali sekolah tugase kon ngiseni bak. Dadi sekang sumur ditimba, lebokna jembangan, terus disedot maring bak. Lumayan kena nggo ngencengna lengen, wong nimbane nganti 100 timba, jerone 20 meter. Tangane biasane ya ngapal, tapi ora apa-apa wong pancen amben dina ngandhul nang Koprades.Nek nang kota ana sing nganggo pompa wesi sing warnane ijo. Umume diarani Pompa Dragon, mbuh koh bisa diarani kaya kuwe anu sekang ngendi. Nek pompa dragon sumure rapet, mbuh bolongane dibeton, apa pancen anu di bor? Tapi jarku sing nganggo pompa dragon ora akeh, tetep akeh sing model timba, sebabe sepisan maning ora ngerti.Najan wis duwe sumur dewek, tapi nek mangsan udan, ya ngeslang maning. Lha lewih mayar, ora kesel, banyune teka dhewek. Tapi maju ngeneh sing ngeslang tambah akeh, dadi ana saingane. Kudu sering-sering ditiliki.Bareng listrik wis mlebu, mulai ana sing nganggo pompa listrik alias Sanyo. Gari mijet saklar, banyune wismaring bak. Sing duwe sumur tapi adoh kang umah ana sing masang pompane nganti 2, siji sekang sumur tekan bak tampungan, sijine kang bak tampungan maring umah. Siki kayane wis ora ana wong mikul nang ndesaku ngkana ya. Bocah siki ya wis ora ngerti sing jenenge mikul, ngangsu setengah kilo.


*Source: Goleti.com
0 Responses