Showing posts with label Basa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Basa Jawa. Show all posts
Aji Yulianto
Jamanku cilik, wong ulih banyu nggo adus, nggo nginum ora kaya siki sing nganggo pompa listrik sing latah diarani Sanyo. Gemiyen ngarah banyune sekang sumur cilik sing panggonane lewih dhuwur, istilahe ngeslang, soale nganggo sleng banyu. Sekang sumur mu disedot disit nang ngisore, nek wis mili terus disambung slang maning nganti tekan umahku. Lumayan adoh, kayane ana setengah kilo. Dadi banyune gari mili, dijorna bae nganti kimplah-kimplah luber. Paling angger ora mili gari di tiliki. Goleh niliki diurut kang ngisor, sapa ngerti ana sing pedhot apa pecah ketiban klapa utawa kayu. Nek mlebu mangsa ketiga, kudu sering di tiliki. Nek sumure banyune mudhun njur dijerokna maning slange. Nek sat ya dienteni isine maning ben bisa disedot. Tapi nek wis ketiga dawa ya sat temenan ora isi-isi. Nggolet banyune ya ngangsu, adus sisan nang pinggir sumur sing dadi panggonan adus umum.

Gumune gemiyen ye ora isin, adus bareng-bareng. Aduse ora wuda brah, tapi nganggo petelesan. Nah bar adus, baline nggawa banyu. Bisa nyangking apa mikul, sing nyangking biasane wong wadon. Engko tekan ngumah disogna jembangan utawa padasan nggo wudu. Kayane ndisit wonge sehat-sehat, sing wis tuwa ya kelar mikul. Sing duwe motor malah ngangsune nganggo jligen kiwe-nengen. Dilebokna meng bahan karung sing di jait ben bisa madhahi jligen loro. Tapi sing duwe motor ora akeh.


Maju ngeneh, njur mangsan wong padha gawe sumur timba. Meh kabeh umah nggawe, tapi ora kabel kasil ulih banyu, apa ulih banyu tapi 20 meter. Nek pas mujur ya ulih sumber apik sing ora tau sat tur ora jero. Bareng akeh sing duwe sumur, nek ketiga nunut adus nang sumure tanggane. Aku dhong umahku urung duwe sumur dewek ya sok nunut adus. Wah pahalane akeh mesthi sing duwe sumur, amin. Bareng umahku wisduwe sumur, gemiyen nek bali sekolah tugase kon ngiseni bak. Dadi sekang sumur ditimba, lebokna jembangan, terus disedot maring bak. Lumayan kena nggo ngencengna lengen, wong nimbane nganti 100 timba, jerone 20 meter. Tangane biasane ya ngapal, tapi ora apa-apa wong pancen amben dina ngandhul nang Koprades.Nek nang kota ana sing nganggo pompa wesi sing warnane ijo. Umume diarani Pompa Dragon, mbuh koh bisa diarani kaya kuwe anu sekang ngendi. Nek pompa dragon sumure rapet, mbuh bolongane dibeton, apa pancen anu di bor? Tapi jarku sing nganggo pompa dragon ora akeh, tetep akeh sing model timba, sebabe sepisan maning ora ngerti.Najan wis duwe sumur dewek, tapi nek mangsan udan, ya ngeslang maning. Lha lewih mayar, ora kesel, banyune teka dhewek. Tapi maju ngeneh sing ngeslang tambah akeh, dadi ana saingane. Kudu sering-sering ditiliki.Bareng listrik wis mlebu, mulai ana sing nganggo pompa listrik alias Sanyo. Gari mijet saklar, banyune wismaring bak. Sing duwe sumur tapi adoh kang umah ana sing masang pompane nganti 2, siji sekang sumur tekan bak tampungan, sijine kang bak tampungan maring umah. Siki kayane wis ora ana wong mikul nang ndesaku ngkana ya. Bocah siki ya wis ora ngerti sing jenenge mikul, ngangsu setengah kilo.


*Source: Goleti.com
Aji Yulianto

Winginane tahun baru jare kancaku sing teksih neng Purwokerto, anu kae sing jenenge mantan terminal lama jere arep digawe taman kot utawa City Park. Ngasi siki jere hurung rampung padahal nek dideleng deleng wong Purwokerto kuwe kayang mandan ngelak kepengin nduwe panggonan sing asik nggo jagongan karo keluarga. Nek nang Purbalinggahan tah ana macem macem, Owabong, Reptil, Taman Aquarium, trus jere ya Alun alune mandan enak nggo tongkrongan. Trus jere jere Purwokerto perkembangane kalah karo Purbalingga, padahal kotane lewih gede trus nduwe Universitas mbarang lan nduwe tapsiun kreta mbarang. Nyong ya dadi bertakon takon: mata tih?
Nek awal tahun 2009 tah janen teksih ana masalah karo legislasi apa kepriwen kae mbuh, tapi ya muga muga siki wis mandan beres. Tuli enak nek purwokerto tambah siji maning sing isa nggo tongkrongan utawa nyemantai karo keluarga trus ora patia adoh kaya Baturaden. Wong sing jenenge kota tambah rame, wonge tambah akeh ya kudune fasilitas umume mengikuti ora mung mall baen sing dibangun. Kaya kuwe ndeaannn...



*Source: Goleti.com
Aji Yulianto

Pelaku : Supri Titan dadi tukang angon wedus
Uziell Juga Gokiel dadi kancane Supri

Lokasi : Kebon Pring Desa Banjaranyar


Iki Critane Supri Titan lagi angon wedus ning Kebon Pring, trus dipethuk karo Uziell Juga Gokiel.

"Mbah, waduh wedus sampeyan akeh yo ?" jare kang Uziell..
"Yo lumayan " jare si Mbah Supri..
"Pira kabehe,,Mbah ?" takon kang Uziell meneh..
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih,,wis"
"Selawe"'
"masya allah,,akeh nemen. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare mbah Supri mbari ngarit suket..

kang Uziell takon takon meneh..

"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sedino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng,,wis'
"Yo kiro-kirone limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

kang Uziell bingung ,lha priwe nek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih utawa ireng, wong jawabane yo podho baen..

"Mbah, priwe sih nek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti takon sing putih utawa sing ireng barang. Padahal sing putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono ono opo tho mbah?"


"Ngene lho, sing putih iku wedusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."

Saesuke, kang Uziell pethuk mbah Supri meneh ning panggonan biasa si mbah angon wedus..

kang Uziell kaget ora ketulungan, weruh mbah Supri lagi ngarit suket tapi ora kanggo empan weduse, nanging dipangan karo mbah Supri dhewek..
kang Uziell dadi penasaran..


"mbah ngopo tho sukete dipangani, mbok yo kanggo weduse.. ?"

"Podho-podho wedhus.." jawabe mbah Supri.

Image



Ckakakak.. Cerita iki mung karangan..
Ojo dileboke ning ati.. Ckakakak..
Semata-mata mung kanggo hiburan karo kanca-kancaku,,
Ckakakak.. Image